Tuesday 20 March 2012

Gigal Saka Wit Ace


Menawa ana angin gedhe ing desaku mati lampu. Aku bosen nang omah nanging teturonan banjur aku metu lan penekan ana wit rambutan ing mburi omahku. Nalika tekan pucuking wit ace malah angine gedhe banget, ana wite uyug-uyug medheni banget. Nanging aku kelingan menawa wit ace ora gampang tugel. Banjur wite dakganduli, dak encot-encot, ngasi aku geguyu dhewe,” Woy Angin !!! Aku ora biso gigal ! hahahaha” . . . aku wis persis banget wong edan. Ehh malah jebule wite wis keroak, nalika taknggandulli malah tugel. Krekk . . . dgubrak !!! aku gigal saka wit ace, nanging ora mung semono banjur  byurrr . . . !! aku kecemplung blumbang, awakku lara kabeh.
Aku bali banjur diguyu simbahku “ Wib, lebar ngapa kowe? Awakmu teles klebus ngono? Gupak godhong meneh”, Aku mangsuli “ Niki mbah, kula kecemplung blumbang”. Aku isin banget, banjur aku adus lan sabunan ingkang akeh ngantos ora mambu iwak wonten blumbang menawa kula kecemplung saka wit ace.

0 comments:

Post a Comment